Koleksi Lagu Dangdut Lengkap ,Koplo ,House Music dan Dangdut Klasik

loading...

Minggu, 11 November 2018

Nella Kharisma - Kidung Wahyu Kolosebo


Audio Player

Title Nella Kharisma ~ Kidung Wahyu Kolosebo _ versi Terbaik | Official Video
Source Khatulistiwa Record
Duration 06:17



Lyrics / Lirik :
Rumekso Ingsun, Laku Nisto Ngoyo Woro
Kelawan Mekak Howo, Howo Kang Dur Angkoro
Senadyan Setan Gentayangan, Tansah Gawe Rubedo
Hinggo Pupusing Jaman

Hameteg Ingsun, Nyirep Geni Wiso Murko
Maper Hardaning Ponco, Saben Ulesing Netro
Linambaran Sih Kawelasan, Ingkang Paring Kamulyan
Sang Hyang Jati Pengeran

Jiwanggo Kalbu, Samudro Pepuntoning Laku
Tumuju Dateng Gusti, Dzat Kang Amurbo Dumadi
Manunggaling Kawulo Gusti, Krenteg Ati Bakal Dumadi
Mukti Ingsun… Tanpo Piranti..

Sumebyar Ing Sukmo, Madu Sarining Perwito
Maneko Warno Prodo, Mbangun Projo Sampurno
Sengkolo Tido Mukso, Kolobendu Nyoto Sirno
Tyasing Roso Mardiko..

Mugiyo Den Sedyo, Pusoko Kalimosodo
Yekti Dadi Mustiko, Sak Jroning Jiwo Rogo
Bejo Mulyo Waskito, Digdoyo Bowo Leksono
Byar Manjing Sigro-Sigro

Ampuh Sepuh Wutuh, Tan Keno Iso Paneluh
Gagah Bungah Sumringah, Ndadar Ing Wayah-Wayah
Satriyo Toto Sembodo, Wirotomo Katon Sewu Kartiko
Kataman Wahyu..Kolosebo..

Memuji Ingsun, Kanthi Suwito Linuhung
Segoro Gando Arum, Swuh Rep Dupo Kumelun
Tinulah Niat Ingsun, Hangidung Sabdo Kang Luhur
Titahing Sang Hyang Agung

Rembesing Tresno, Tondo Luhing Netro Roso
Roso Rasaning Ati, Kadyo Tirto Kang Suci
Kawistoro Jopo Montro, Kondang Dadi Pepadang
Palilahing Sang Hyang Wenang

Nowo Dewo Jawoto, Tali Santiko Bawono
Prasido Sidhikoro, Ing Sasono Asmoroloyo
Sri Narendro Kolosebo, Winisudo Ing Gegono
Datan Gingsir…. Sewu Warso..

Nella Kharisma - Kidung Wahyu Kolosebo Rating: 4.5 Diposkan Oleh: Unknown

0 komentar:

Posting Komentar

---